Laman

Jumat, 10 Februari 2012

Tuladha Pasrah lan Panampi Pengantin


Pasrah Pengantin:
Kulanuwun. Adhi ————-, sesulihipun Bapa ——————– ingkang kula tresnani. Kula dipun resaya kadangkula-sepuh Kangmas ————- sakaroron ing ——————
Kapisan; nglantaraken salam-wilujengipun kadangkula-sepuh Kangmas —————— sakaroron. Kaparenga nampi, dene dumugipun ingkang wajib hanampi : Bapa ———— sekalihan, nuwun sumangga.
Kaping kalihipun; kula kapitados hanglarabaken anakipun jaler, ingkang nama Bagus ——————. Ing ngajeng kaajab hangemong Rara ——————-, putranipun putri Bapa lan Ibu ———————–. Ingkang punika kalampahanipun panggih, kula sumanggakaken.
Kula sapangiring, hamung ndherek nyenyuwun ing ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung, mugi kalampahanipun panggih tansah binerkahan, sarta wilujeng ing salami-laminipun.
Ing wasana, tumrap kirang jangkeping subasita kula sapengiring pengantin, mugi sampun kirang ing pamengku.
Nuwun.



Panampi Pengantin:
Sedherek kula sepuh Kangmas ————–, wakilipun Bapa —————– sakaroron saking ——————— ingkang kula urmati.
Kajawi pambage raharja kula dhumateng panjenengan sapangiring (badhe) pengantin priya; salam wilujengipun ingkang hangresaya panjenengan, sampun kula tampi sarta badhe lajeng kula aturaken dhumateng ingkang wajib hanampi Bapa —————— sekalihan.
Panjenengan hanglarabaken Bagus ————————-, putranipun Bapa —————– sekalihan saking —————————, ingkang kaajab hangemong sutanipun estri Bapa-Ibu ———————, nama pun Rara —————–; punapadene kalampahanipun Ijab saha Panggih, panjenengan pasrah hing kula, sampun wonten pamurba kula, sarta tumunten enggal badhe kula estokaken.
Wasana, sumangga sami dipun suwunaken dhumateng Gusti Allah Ingkang Maha Agung, mrih rancag lan wilujengipun ing sapanginggil.
Makaten ingkang saged kula aturaken, wonten kirang pantesing panampi kula, kula nyuwun lumebering sih samudra pangapunten.
Nuwun.


(Sumber : tugas retorika Bahasa Jawa)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar