Kamis, 09 Februari 2012

FOLKLOR LISAN JAWA



Ø Paribasan, Bebasan Sanepa, Saloka, Isbat
  1. Adigang, adigung, adiguna : ngandelake kakuwatane, kaluhurane, lan kapinterane.
  2. Blaba wuda      : marga saking bangeting lomane, nganti awake dhewe nandhang kacingkrangan.
  3. Kadhang konang          : sing diaku sedulur mung sanak sadulure sing sugih (sing linuwih, dadi priyayi).
  4. Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan         : wong liya, nanging yen nganti nandhang ora kepenak, mesthi melu dibelani.
  5. Kalah cecak menang cacak       : samubarang apa bae bisa nindakake lan orane, kayata sawise dicoba. Mulane aja kesusu kandha ora bisa sadhurunge dicoba.
  6. Sedumuk bathuk senyari bumi : papudon prekara lemah lan wanita, lumrahe dilabuhi nganti tumeka ing pati.
  7. Lengkak-lengkok, ora wurung ngumbah popok : wong wadon tinari omah – omah, ing sakawit ora gelem nglakoni, wasanane gelem, malah duwe anak barang.
  8. Kenes ora ethes            : wanita kang sugih umuk, nanging bodho.
  9. Anak polah bapa kepradhah     :  nemu pekewuh, marga saka luputing tumindake anake.
  10. Tuna satak bathi sanak : rugi / tuna sethitik ora dadi apa, anggere bisa tambah sedulur / mitra.
  11. Sepi ing pamrih rame ing gawe : tanpa darbe pamelik apa – apa, tumindak gawe kanthi kamempengan.
  12. Rawe – rawe rantas malang – malang putung : kabeh sing ngalang – ngalangi sedyane, kena disirnakake.
  13. Kocak tandha lokak : wong kang sugih umuk pratandha during akeh kawruhe.
  14. Suduk gunting tatu loro : nindakake pagawean mung sawarna, kliru, wasane agawe kapitunan luwih saka sawarna.
  15. Ora ganja ora unus : rupane ala, atine ala
  16. Madu balung tanpa isi : pepadon utawa regejegan kang mung marga barang remeh.
  17. Dikena iwake aja nganti buthek banyune : kang sinedya bisa kena, nanging aja nganti agawe gendra.
  18. Emban cindhe emban siladan : ora padha pangrengkuhe marang siji lan sijine.
  19. Wong wadon cowek gopel : wong wadon iku mung gumantung ing sakarepe wong lanang.
  20. Pandhita ing antelu : laire bae suci, batine reged, seneng marang panggawe ala.
  21. Kegeden empyak kurang cagak : kegedhen panjangka, kurang srana (wragad).
  22. Anggutuk lor kena kidul : wong nyemoni
  23. Kekudhung walulang macan : nganggo aling – aling wong kang darbe panguwasa (sengadi diutus utawa didhawuhi), supaya bisa kaleksanan sedyane, marga wong sing ditembungi banjur darbe rasa wedi utawa pekewuh.
  24.  Diwenehi ati ngrogoh rempela : diwenehi kalonggaran wasana njaluk supaya luwih dimurahi maneh, luwih diwenehi kalonggaran maneh.
  25. Nggenthong umos : ora bisa nyimpen wewadi.
  26. Asu belang kalung wang : wong asor, nanging sugih.
  27. Kutuk nggendhong kemiri : wong ringkih kang manganggo mompyor, lumaku ngambah dalan kang mbebayani mesthi gampang nemu cilaka dening panggawene wong ala iku.
  28. Gajah ngidak rapah : wong kang nglanggar marang wewalere dhewe.
  29. Kemladeyan ngajak sempal : sanak sedulure kang ngajak marang karusakan.
  30. Kebo nusu gudel : wong tuwa njaluk wuruk marang wong kang kaprenah nom.
  31. Timun wungkuk jaga imbuh : wong bodho kanggone mung samangsa ana kakurangan, dadi mung kanggo serep.
  32. Bebek mungsuh mliwis : wong pinter memungsuhan karo wong pinter, nanging sing siji kalah ubed, kalah trampil, lan kalah kulina.
  33. Kuthuk marani sunduk : wong kang njarag marani kacilakan.
  34. Gajah tumbuk, kancil mati ing tengah : wong gedhe pasulayan karo wong gedhe, wasana togging endhon sing disalahake wong sing apangkat cilik, lan wong sing apangkat cilik iku banjur nemu cilaka.
  35. Asu gedhe menang kerahe : wong kuwasa yen prakaran karo wong cilik, sanajan sing bener wong cilik, lumrahe sing dimenangke wong gedhe.
  36. Tumbu oleh tutup : oleh jodho kang cocok banget aten – atene.
  37. Kebo kabotan sungu : wong kang ora bisa nyukupi wragading anake, marga saka akehe anak.
  38. Kaya bantheng ketaton : tandange katon nggegirisi.
  39. Kaya mimi lan mintuna : raket banget, prasasat ora tau genggang sanyari, tansah reruntungan.
  40. Kaya jambe sinegar :padha rupane utawa kembar mungguhing rupa.
  41. Dedege wong iku ngringin sungsang : peranganing awake ing sisih ngisor gedhe, ing sisih dhuwur cilik.
  42. Tepunge kaya banyu karo lenga : ora bisa rukun.
  43. Anteng kitiran : polahe, rongeh banget.
  44. Dhuwur kencur : dedege.
  45. Arang wulu kucing : kehing utange.
  46. Wuled godhong lumbu : kulite
  47. Atos debog : balunge.
  48. Legi butrawali : rasane.
  49. Peret beton : rembuge
  50. Abot merang sebelah : bobote.
  51. Kuru semangka : awake.
  52. Agal glepung : wujude.
  53. Lonjong botor : playune.
  54. Lonjong mimis : playune.
  55. Kodhok ngemuli lenge : jiwa manungsa kedhah saged ngendhaleni utawi amarentah ragane supados ing tembenipun saged seda kanthi sampurna.
  56. Ngangsu banyu apikulan warih : tiyang ngupadi ngelmu, kedah sampun gadhah sangu langkung rumiyin.
  57. Amet geni adedamar : tiyang ngupadi ngelmu, kedah sampun gadhah sangu langkung rumiyin.
  58. Golekana galihing kangkung : kita kedah mangertos dhumateng jiwa. Sasampunipun mangertos, kedah tansah ambudidaya supados jiwanipun saged kiyat, saged ngawonaken hawa napsu.
  59. Apa isine wuluh wungwang : punapa ingkang wonten salebetipun badan wadhag.
  60. Golekana tapake kuntul nglayang : tansah ambudidaya supados mangertos dhumateng keplasing nyawa.
  61. Aji godhong garing : wis ora ana ajine / asor banget.
  62. Ana catur mungkur : ora gelem ngrungokake rerasan kang ora becik.
  63. Ana adulate ora ana begjane : arep nemu kabegjan, naging ora sida.
  64. Arep jamure emoh watange : gelem kepenake, ora gelem rekasane.
  65. Ati bengkong oleh oncong : wong duwe niyat ala oleh dalan.
  66. Asu marani gebuk : njarag marani bebaya.
  67. Adhang – adhang tetes embun : njagakake barang mung sak oleh – olehe.
  68. Baladewa ilang gapite : wong kang kelangan kakuwatane / kaluhurane.
  69. Banyu pinerang ora bakal pedhot : Pasulayane sedulur ora bakal medhotake pasedulurane.
  70. Bathok bolu isi madu : wong asor nanging sugih kapinteran
  71. Becik ketitik ala ketara : tumindak kang becik lan ala bakal ketara ing tembe mburine.
  72. Belo melu seton : melu – melu nanging ora ngerti karepe.
  73. Mburu uceng kelangan dheleg : mburu barang kang sepele malah kelangan barang kang luwih gedhe.
  74. Busuk ketekuk, pinter keblinger : sing bodho lan sing pinter  padha nemu cilaka.
  75. Cebol nggayuh lintang : kekarepan kang mikal bakal kelakon.
  76. Cecak nguntal cagak : Gegayuhan kang ora imbang kekuwatane.
  77. Ciri wanci leli ginawa mati : pakulinan kang ora bisa diowahi.
  78. Cincing – cincing meksa klebus : karepe ngirit nanging malah enthek akeh.
  79. Dadia banyu emoh nyawuk, dadia godhong emoh nyuwek : wis ora gelem nyanak / sapa aruh.
  80. Dahwen ati open : nacad nanging mbenerake wong liya.
  81. Dhandang diunekake kuntul, kuntul dionekake dhandang : ala dionekake becik, becik dionekake ala.
  82. Desa mawa cara, Negara mawa tata : saben panggonan duwe cara utawa adapt dhewe – dhewe.
  83. Dhemit ora ndulit, setan ora doyan : tansah diparingi slamet, ora ana kang ngrusuhi.
  84. Dom sumuruping banyu : laku sesidheman kanggo meruhi wewadi.
  85. Durung pecus kaselak besus : Durung sembada nanging kepengin sing ora – ora.
  86. Eman – eman ora keduman : karepe eman malah awake dhewe ora keduman.
  87. Embat – embat celarat : wong nyambut gawe kanthi ngati – ati.
  88. Emprit abuntut bedhug : Prekawis ingkang sepele, banjur dadi gedhe.
  89. Endhas pethak ketiban empyak : wong kang bola – bali nemu cilaka.
  90. Esuk tempe sore dhele : wong kang ora tetep kekarepan atine (mencla – mencle).
  91. Golek banyu bening : meguru golek kawruh kang becik.
  92. Gupak pulute, ora mangan nagkane : melu rekasa nanging ora melu ngrasakake kepenake.
  93. Gagak nganggo lare merak : wong asor tumindak kaya wong luhur.
  94. Gajah alingan suket teki : lair lan batine ora padha, mesthi bakal ketara.
  95. Idu didilat maneh : murungake janji kang wis digawe.
  96. Iwak mlebu wuwu : wong kena apus kanthi gampang.
  97. Jer basuki mawa bea : samubarang gegayuhan mbutuhake wragad.
  98.  Jalam angkara mati murka : nemoni kacilakan jalaran angkara murkane.
  99. Jarit lawas ing sampiran : duwe kapinteran nagging ora digunakake.
100.    Kandhang langit, bantal ombak, kemul mega : wong kang ora nduweni papan panggonan.
101.    Katon kaya cempaka sawakul : tansah disenengi wong akeh
102.    Kakehan gludug kurang udan : akeh omonge ora ana nyatane.
103.    Kebanjiran segara madu : nemu kabegjan kang gedhe banget.
104.    Kejugrugan gunung menyan :oleh kabegjan kang gedhe banget.
105.    Katula – tula katali : wong kang tansah nandhang sengsara.
106.    Kethek sranggon : kumpulane wong kang tumindak ala.
107.    Kriwikan dadi grojogan : prakara sing sepele / cilik dadi gedhe.
108.     Kuncung nganti tekan gelung : suwe banget anggone ngenteni.
109.    Kurung munggah lumbung : wong cilik / asor didadekake wong gedhe.
110.    Lanang kemangi :wong lanang kang  jirih.
111.    Lumpuh ngideri jagad : duwe kekarepan kang mikal keturutan.
112.    Maju tatu mundur ajur : prakara kang sarwa pekewuh.
113.    Matang tuna tumbak luput : tansah luput kabeh panggayuhane.
114.    Mikul dhuwur mendhem jero : bisa njunjung drajate wong tuwa.
115.    Mrojol selaning garu : wong kang luput saka bebaya.
116.    Nabok nyilih tangan : tumindak ala kanthi kongkonan wong liya.
117.    Nguyahi segara : weweh marang wong kang sugih  kang ora ana pituwase.
118.    Nututi layangan pedhot : nggoleki barang sepele kang wis ilang.
119.    Obah ngarep kobet mburi : tumindake panggedhe dadi tuladhane kawula cilik.
120.    Ora mambu enthong irus : dudu sanak, dudu kadang.
121.    Ora uwur, ora sembur : ora gelem cawe – cawe babar pisan.
122.    Ora kinang ora udut : ora mangan apa – apa.
123.    Pandengan karo srengenge : memungsuhan karo panguwasa.
124.    Pithik trondol diumbar ing pedharingan : wong ala dipasrahi barang kang aji, wekasane malah ngenthek – entheki.
125.    Palang mangan tanduran : diwenehi kapercayan, nagging malah gawe kapitunan.
126.    Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah : yen padha rukun mesthi bisa agawe santosa, yen padha congkrah mesthi bakal bubrah.
127.    Sabar sareh mesthi bakal pikoleh : tumindak samubarang aja kesusu.
128.    Sapa sing salah bakal seleh : sapa kang salah bakal konangan.
129.    Slaman slumun slamet : sanajan kurang ngati-ati, nanging isih diparingi slamet.
130.    Sembur – sembur adhus, siram – siram bayem : bisa kaleksanan marga oleh pandongane wong akeh.
131.    Tekek mati ing ulone : nemu kacilakan amarga saka guneme dhewe.
132.    Tulung menthung : katone nulungi, jebule malah ngrusuhi.
133.    Tumbak cucukan : wong sing seneg adu – adu.
134.    Ucul saka kudangan : luput karo gegayuhane.
135.    Ulat madhep ati manteb : wis manteb banget kekarepane.
136.     Undhaking pawarta, sudaning kiriman : pawarta kang baeda karo kanyatane.
137.    Ungak – ungak pager arang : ngisin – isini.
138.    Wis kebak sundukane : wis akeh kaluputane.
139.    Yitna yuwana lena kena : sing ngati – ati bakal slamet, sing sembrana bakal cilaka.
140.    Satru mungging cangklakan : mungsuh karo wong kangisih sanak sedulur.
Ø Cangkriman
  1. Pakboletus : tapak kebo ana lele satus.
  2. Pakbomba : tapak kebo amba.
  3. Paklawa : tapak ula dhawa.
  4. Pakpiyut : tapak sapi ciyut.
  5. Wiwawite : uwi dhawa wite.
  6. Lesbandhonge : tales amba godhonge.
  7. Pipiru : sapine kuru – kuru.
  8. Ndhangdhangmoh : kandhange wis amoh.
  9. Tongtongjur : tlethong – tlethonge ajur.
  10. Sega sak kepel dirubung tinggi : salak.
  11. Pitik walik saba kebon : nanas.
  12. Embokne wuda, anake tapihan : pring lan bung.
  13. Emboke dielus – elus anake diidak – idak : andha.
  14. Sing cendhek didhudhuki, sing dhuwur diurugi : timbangan, dacinan.
  15. Wong wudunen iku sugih pari : paringisan.
  16. Ngetung usuk, wiwit esuk saprene kok isih turu bae : teturon mlumah.
  17. Wong wis diwasa kok ngguyu tuwa : nangis.
  18. Urang sapikul matane pira? : ana 6 (urang, sapi, kul)
  19. Dikethok malah dhuwur : celana.
  20. Ngarep ireng, mburi ireng, sing tengah methentheng : wong mikul areng.
  21. Kewan apa sing sirahe ning sikil, mripate ning sikil, irunge ning sikil, cangkeme ning sikil, cangkeme  ning sikil, pokoke kabeh ning sikil : anak pitik kepidhak.
  22. Yen cilik dadi kanca, yen gedhe dadi mungsuh : geni.
Ø Wangsalan
  1. Mbalung geni, mbokmenawa aku sida mrono : mawa.
  2. Balung janur, muga-muga sida temenan : sada.
  3. Wohing gembili, wis watakku mangkene iki : katak.
  4. Kencing gelung tibeng dhadha, coba titenana : peniti.
  5. Jenang sela, wader kali sesondheran
Apuranta, yen wonten lepat kula : Apu, sepat
  1. Senthe arga, putrane Dewi Wilutama
Ujarira, anulad laku utama : Kajar, Aswatama
  1. Teja pita, kang taji mawa gendhewa
Saya nglayung, sedhih kingkin manah kula : Layung, panah.
  1. Ancur kaca, wanara putraning Tara
Rasa kena, mrih lebda empaning basa : Banyu rasa, Anggada
  1. Wicara tanpa karana / bebasane janma nunggal sapanti / ngayawara tanpa dunung / sampang panggilap wreksa / peprenesan linaras resmining kayun / narmada lit ngalang marga / tan liya among ngresepi (pangkur)
  2. Wewangsalan roning kamal / pra anom den ngati – ati / wreksa kang pinetha / golek kawruh kang sajati / kulik priya upami / anganggoa reh kang tuhu / kalpika pasren karma / gegelang munggwing dariji / aywa tinggal miwah lali pariwara (sinom)










Ø  Nyanyian kanak kanak
  1. Kidung Rumeksa ing Wengi
Ana kidung rumeksa ing wengi,
Teguh ayu luputa ing lara,
Luputa bilahi kabeh,jin setan datan purun,
Paneluhan tan ana wani, miwah panggawe ala,
Gunane wong luput, geni anemahan tirta,
Maling adoh tan ana ngarah ing kami, guna duduk pan sirna.
Sakehin lara pan samja bali,
Sakehing ama sami miruda, welas asih pandulune,
Sakehing bradja luput, kadi kapuk tibanireki,
Sakehing wisa tawa, sato kuda tutut,
Kayu aeng lemah sangar songing landak,
Guwaning mong lemah miring, mjang pakiponing merak.

Pagupakaning warak sakalir,
Nadyan artja mjang sagara asat,
Satemah rahayu kabeh, dadi sarira aju,
Ingideran mring widhadari, rinekseng malaekat,
Sakatahing rusuh, pan dan sarira tunggal,
Ati Adam utekku Bagenda Esis, pangucapku ya Musa.

Napasingun Nabi Isa luwih,
Nabi Yakub pamiyarsaningwang,
Yusuf ing rupaku mangke,
Nabi Dawud swaraku,
Yang Suleman kasekten mami,
Ibrahim nyawaningwang,
Idris ing rambutku, Bagendali kulitingwang,
Abu Bakar getih, daging Umar singgih, balung Bagenda Usman.

Sungsumingsun Fatimah Linuwih,
Siti Aminah bajuning angga,
Ayub minangka ususe, sakehing wulu tuwuh,
Ing sarira tunggal lan Nabi, Cahyaku ya Muhammad,
Panduluku Rasul, pinajungan Adam syara",
Sampun pepak sakatahing para nabi, dadi sarira tunggal.
Wiji sawiji mulane dadi, pan apencar dadiya sining jagad,
Kasamadan dening Dzate, kang maca kang angrungu,
Kang anurat ingkang nimpeni,
Rahayu ingkang badan, kinarya sesembur,
winacaknaing toja, kinarya dus rara tuwa gelis laki, wong edan dadi waras.

Lamun arsa tulus nandur pari puwasaa sawengi sadina,
Iderana gelengane, wacanen kidung iki,
Sakeh ama tan ana wani,
Miwah yen ginawa prang wateken ing sekul,
Antuka tigang pulukan, mungsuhira lerep datan ana wani, teguh ayu pajudan.
Lamun ora bisa maca kaki, winawera kinarya ajimat,
Teguh ayu penemune, lamun ginawa nglurug,
Mungsuhira datan udani, luput senjata uwa,
Iku pamrihipun, sabarang pakaryanira,
Pan rineksa dening Yang Kang Maha Suci, sakarsane tineken.

Lamun ana wong kabanda kaki,
Lan kadenda kang kabotan utang, poma kidung iku bae,
Wacakna tengah dalu, ping salawe den banget mamrih,
Luwaring kang kabanda, kang dinenda wurung,
Dedosane ingapura, wong kang utang sinauran ing Yang Widdhi, kang dadi waras.

Sing sapa reke arsa nglakoni, amutiha amawa,
Patang puluh dina wae, lan tangi wektu subuh,
Lan den sabar sukur ing ati,
Insya Allah tineken, sakarsanireku,
Njawabi nak - rakyatira,
Saking sawab ing ilmu pangiket mami, duk aneng Kalijaga.

  1. Singgah – singgah

Singgah-singgah kala singgah
pan suminggah durga kala sumingkir
sing aama sing awulu
sing asuku sing asirah
sing atenggak kalawan sing abuntut
padha sira suminggah
muliha mring asal neki
  1. Padhang Bulan
Yo prakanca dolanan ing njaba
Padhang bulan, padhange kaya rina
Rembulane sing ngawe – awe
Ngelingake aja padha turu sore
  1. Suk – suk peng
Suk suk peng tengah dhewe gepeng
Gepeng munggah kaji
Rambute kari siji
  1. Cublak – cublak suweng
Cublak – cublak suweng
Suwenge ting gelenter
Mambu ketundhung gudel
Pak mpong lera – lere
Sapa ngguyu ndelikake
Sir sir pong dhele kopong
Sir sir pong dhele kopong
  1. Puk puk dhem dhem
Puk puk puk dhem dhem dhem
Cik kala kacik kokok beruk
Dhem dhem dhem
Cang kacang godhong gedhang mlekunther.
  1. Menthog menthog
Menthog menthog dak andani
Mung lakumu angisin – isini
Mbok ya aja ngetok
Ana kandhang bae
Enak – enak ngorok ora nyambut gawe
Menthog  menthog mung lakumu megal megol gawe guyu
  1. Gundhul – gundhul pacul
Gundhul gundhul pacul cul gembelengan
Nyunggi nyunggi wakul kul gembelengan
Wakul ngglempang segane dadi saklatar
Ana bocah gundhul ndhul lunga menyang sawah
Nyunggi nyunggi wakul kul karo gembelengan
Mlaku ning tengah dalan ora wedi bebayan
Wakule ngglempang dadi saklatar
Aja nangis ndhul mundak tambah gundhul
  1. Te kate dipanah
Te kate dipanah
dipanah ngisor gelagah
ana manuk konde-onde
mbok sirbombbrok, mbok si kate
mbok sirbombbrok, mbok si kate
mbok sirbombbrok, mbok si kate
  1. Kupu kuwi
Kupu kuwi dak encupe ning apurih ngewuhake
Ngalor ngidul ngetan bali ngulon
Mrana mrene mung saparan paran
Mbok ya mencok dak encupe
Mencak mencok ceblok banjur mabur kleper
  1. Jaranan
Jaranan jaranan jarane jaran teji
Sing numpak ndoro bei sing ngiring para mantri
Jek jek nong  jek jek gung jarane mlebu ning lurung
Gedebug krincing gedebug krincing prok prok gedebug jedher
  1. Pitik tukung
Aku duwe pitik, pitik tukung
saben dina, tak pakani jagung
petok gogok petok gogok petok petok
ngendhog siji, tak teteske, ...
kabeh trondhol, dhol, tanpa wulu
megal megol, gol, gawe guyu
  1. Suwe ora Jamu
Suwe ora jamu jamu godhong lumbu
Suwe ora ketemu ketemu pisan tambah ayu
Suwe ora jamu jamu godhong meniran
Suwe ora ketemu ketemu pisan ngajak dolanan
Suwe ora jamu jamu kunir asem
Suwe ora ketemu ketemu pisan mesam mesem
  1. Gajah gajah
Gajah gajah, mrene tak kandhani jah
mripat koyo laron, siung loro, kuping gedhe
kathik nganggo tlale
buntut cilik, tansah kopat kapit
sikil koyo bumbung
mung mlakumu megal megol
  1. Sir kusir
Sir kusir mbang kembangan
Prau kintir ora ditambal
Wohe wuni kanca dingo rujakan
Wohe pelem kanca dingo manisan
Awan bengi kanca aja dolanan
Elingana kanca sesuk ulangan
  1. Lir ilir
Lir ilir, lir ilir, tanduré wus sumilir
tak ijo royo-royo tak sengguh temantèn anyar
Cah angon, cah angon, pènèkna blimbing kuwi
Lunyu lunyu yo pènèken kanggo mbasuh dodotiro
dodotiro, dodotiro, kumitir bedhah ing pinggir
Dondomana j'rumatana kanggo séba mengko soré
mumpung padhang rembulané, mumpung jembar kalangané.
yo surako surak hiyo.
  1. Jamuran
Jamuran ya gegethok
Jamur apa ya gegethok
Jamur gajih mbejijih sa’ara-ara
Sira badhe jamur apa?
  1. Kidang talun
Kidang talun
mangan kacang, talun
mil kethemil, mil kethemil
si kidang mangan lembayung
Gajah belang
duwe anak, belang
nuk renggunuk, nuk renggunuk
Gedene meh podo gunung
Tikus buntung
duwe anak buntung
cit cit cuit, cit cit cuit
si tikus sobo ning wuwung
  1. Oh adiku
Oh adiku kekasihku aja pijer nangis bae
Ayo dolan karo aku ana ngisor uwit manggis
‘dela maneh ibu rawuh ngasta oleh – oleh
Gedhang goreng karo roti mengko dak paringi
  1. Aku duwe pitik
Aku duwe pitik warnane blirik
Cucuk kuning cengger abang
Yen tarung mesthi menang
Sapa wani karo aku mungsuh pitikku
  1. Sluku sluku bathok
Sluku sluku bathok
Bathoke ela – elo
Sri rama menyang sala
‘leh – olehe payung motho
Mak jenggit lololobah
Wong mati ora bisa obah
Yen obah medeni bocah
Yen urip golekka dhuwit
  1. Kodhok ngorek
Kodhok ngorek kodhok ngorek
Ngorek ning blumbangan
Teot teblung teot teblung
Teot teot teblung
Bocah bodho bocah bodho
Njaluk dijamoni
Jamu apa jamu apa
Jamu temulawak
Bocah pinter bocah pinter
Besuk dadi pinter
Numpak montor numpak montor
Montor montor mabur
  1. Gambang suling
Gambang suling, ngumandhang swarane
thulat thulit, kepenak unine
uuuunine mung
nreyuhake
bareng lan kentrung
ketipung suling, sigrak kendhangane

  24. Cempe-cempe


Cempe-cempe undangen angin gedhe
 tak upahi duduh tape

    25. e, dhayohe teka
e, dhayohe teka..
e, gelarna klasa..
e, klasane bedhah..
e, tambalen jadah..
e, jadahe mambu..
e, pakakna asu..
e, asune mati..
e, buwangen kali..
e, kaline banjir..
e, buwangen pinggir..
e, pinggire lunyu..
e, yo golek sangu..



 
 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar