Kamis, 09 Februari 2012

Si Kancil Nyolong Timun



Sawijining dina, rikalane Pak tani menyang sawah niliki tandurane, banget kaget atine merga tandurane akeh kang rusak. Wit pohong padha ambruk, kacang prol sing durung tuwa mosak-masik, apa maneh tanduran tikang nedheng awoh ndadi, ora karuwan. Pak tani ngubengi kabeh tandurane karo ngudarasa, “Gek sapa sing salah gawe ngrusak tanduranku iki. Yen menungsa katone dudu, nangin yen kewan kewan apa?” Sinambi ngaso ana gubug, Pak tani ngenam-nam pikir, kepriye carane nyekel pawongan utawa kewan kang wus ngrusak tetandurane.
Ana ngomahe, Pak Tani gawe pepethan wong-wongan kaya dene memedi sawah kang dienggo ngusah manuk. Nanging rada beda karo memedi sawah kang mung saka damen ditaleni lan diwenehi kudhung caping, wong-wongan mau digawe memper banget karo kawujudane manungsa. Ing sarandune pawawong-wongan kang madeg malang kerik iku diwenehi pulut dicampur aspal kang banget krakete yen didemok. Sore iku uga wong-wongan mau dipasang ana sawah sacedhae tanduran timun. “Muga-muga wong-wongan iki mengko ana pigunane”, mengkono batine Pak Tani.
Bengi iku kancil kang wetenge krasa luwe kepingin mbaleni golek timun ana sawahe Pak Tani kaya wengi sadurunge. Tekan sawah kang ana tandurane timun, kancil nuli mangan sawarege wetenge. Bareng kancil ndengengek, atine kancil kaget setengah mati. “Wah konangan aku”, mengkono batine kancil. Ewo semono, kancil ora wedi keplayu. Kancil mbatin, “yen pancen iki Pak tani, mesthine aku wis dicekel, ora mung meneng wae. Iki mesthi mung pepethan, kanggo medeni manuk
Eee…… apa dikira aku wedi karo kowe?” Kancil ngucap karo mlaku ngubengi pepethan iku.
Yen pancen arep nyekel aku, enggal cekelen. Aku ora arep mlayu. Ayo….. enggal aku cekelen”  Kancil kang mlakune rada mepet pepethan, kupinge nyenggol tangane pepethan, wulune nempel ing pulut.
We lha, …….. wani njewer kupingku. Diuculake apa ora?” , muni mengkono karo ngipat-ngipatake endhase supaya kupinge ucul saka pepethan mau.
Eee…….., ngeyel. Dak jotos lho” , ngucap ngono karo sikile ngarep tengen diantemake menyang pepethan, pas ngenani pundhake pepethan. Mesthi wae sikile kancil kraket ana pundhake pepethan mau.
“Lho….. malah sikilku dicekel. Yen ora diuculake dak antem maneh lho” ngomong ngono karo singarep tengen diantemake ngenani pundhak pepethan. Mula loro-lorone sikile kancil sing ngarep kraket ing pundhak pepethan.
“Apa njaluk dak dhupak nanggo sikil loro pisan?” Gabrus, sikil buri loro bareng diantemake ngenani tangane pepethan kang malangkerik. Dadine kancil gumandhul ing pepethan, kraket ora bisa uwal. Ngrumangsani klerune, kancil mbrebes mili luhe, nangis sesenggukan, sewengi gumandhul ora bisa turu.
Esuke pak tani kang niliki sawahe nemoni, ana kancil kang gumandhul ing pepethan. “Ooooo, jebul iki malinge. Mula tanduranku rusak ora karuwan. Kebenaran ana ngomah wis kentekan daging kanggo lawuh.” Ucape pak Tani iku dirungokake dening kancil. Mula atine kancil dadi miris banget. Entek pengarep-arepe kanggo urip. Sikile kancil diuwali saka pepethan, banjur ditaleni supaya ora bisa mlayu, banjur digawa mulih menyang omah. Tekan ngomah, kancil mau dilebokake kurungan banjur ditindhihi kayu gedhe.Sabanjure pak tani ngasah lading gedhe kang kulina kanggo mbeleh kewan nganti landhep, mingis-mingis. Rampung anggone ngasah lading, pak tani lume ngomah kanggo ngaso sawetara.
Kancil kang ana jero kurungan, mung dheleg-dheleg karo matane mbrebes mili, luhe dleweran rebutan metu. Nalikane kancil lagi nggrantes mikir nasibe kang apes, katon kledhang-kledhang tekane Kapri, asu ingon-ingon kelangenane Pak Tani. Tuwuh pengarep-arep ing atine kancil. Pikirane kancil  muser golek akal supaya bisa uwal saka kurungan iku.
“Lho….. koq kowe Cil?. Ngapa aawakmu ana jero kurungan, katon banget yen atimu sedhih. Apa awakmu luwe ora entuk pangan?”, mengkono pitakone si Kapri.
Ngene lho, Pri. Aku sedhih ora mergo luwe. Nanging jalaran aku arep dirabekake karo putrine Pak tani sing dhenok kae lho. Kamangka aku ki rak ora seneng karo dheweke, lha wong si Dhenok yen mlaku wae dhuwur banget.” Semaure kancil karo katon memelas.
“Ah… tenane Cil??? Aku kok ora percaya karo omonganmu. Yen pancen Pak tani arep golek mantu, mesthi wae luwih becik milih aku sing wis suwe ngabekti marang Pak Tani. Ora bakal milih kowe, Cil” si Kapri nyahut maido omongane kancil.
Bungah atine kancil merga rekadayane bakale kasil. “Kasunyatane kaya mengkene, Pri. Pak Tani luwih milih aku minangka mantune, kamangka aku ora seneng. Atiku dadine bingung tenan Pri”
“Ora, Cil. Yen pancen awakmu ora seneng, kepriye yen dak genteni. Aku gelem dipek matu karo Pak Tani. Dhasare aku rak wis ngerti karo aten-atene si Dhenok. Piye, Cil. Oleh, ya dak genteni?”
“Yen pancen awakmu gelem, aku ora kabotan Pri. Kayu kang nindhihi kurungan iki singkirna, mengko genti awakmu sing mlebu ana jero kurungan. Sebab kanggo syarat sadurunge rabi karo menungsa, bangsa kewan kudu dikurung dhisik” celathune kancil mantep.
Agahan si Kapri, asu kelangenane Pak tani kuwi nyurung kayu kang nindhihi kurungan, nuli mbukak kurungan.  Kancil metu saka kurungan, sabanjure Kapri kang lumebu ing kurungan. “Wis ya Pri, mengko mundhak didukani Pak tani, aku arep lunga adoh. Kepenakna anggonmu ngenteni arep dadi mantune Pak tani”, celathune kancil karo gegancangan lumayu ngedohi omahe Pak Tani.
Tangi turu, Pak tani agahan metu arep mbleh kancil. Saekagete bareng sumurup yen sing ana sajeroning kurungan ganti Kapri, asu kelangenane. “Dhasar asu goblog. Ora sida entuk lawuh daging kancil” ngono pambengoke Pak Tani, mbukak kurungan karo nggebuk asu kang tehenger-thenger ana sajerone kurungan.
Bug-bug………. kaing-kaing………….. Kapri si asu iku lumayu kelaran. Lagi krasa yen dheweke wis diapusi kancil

?tmt\,

Tidak ada komentar:

Posting Komentar