Sabtu, 16 November 2019

Lampahan Watugunung




1. jêjêr Prabu Watugunung (Selacala), ing nagari Gilingwêsi, pinuju miyos ing sitinggil binatarata alenggah dhampardenta, siniwi ing para wadya, ingkang mungging ngarsa patih Suwelacala, Santana ngiras punggawaning praja, raden dhunut kurantil tolu, gumbreg kuningan, rêmbag. Sri nata badhe mangun prang ambêdhah Suralaya, amargi nyuwun jodho widadari pepitu, Sang hyang endra botên amarêngaken, mila Sang natanyuwun jodho widadari pepitu wau, saking panuwunipun ingkang garwa dewi Sinta, adrêng nyuwun kamaru kaliyan widadari pepitu, inggih punika dewi Supraba, dewi gagar mayang, dewi tunjung biru, irim-irim wursiki, Prabasini, Surendra. Wontenipun ingkang garwa gadhah panuwun makaten wau, awit sajatosipun, Dewi Sinta punika ibunipun Prabu watugunung, amargi Prabu watugunung nalika tasih alit nama Raden dite, saking drêmba panedhanipun ngantos kathuthuking enthong dening ingkang ibu Dewi Sinta. Raden dite (prabu watugunung) lajêng kesah sapurug-purug, dene dewi Sinta sasedanipun ingkang raka kalunta-lunta dumugi samadyaning wana, ngantos kapupuhing punggawa, katur sang Prabu watugunung, ajêng kagarwa ngantos patut tan satunggal jalu nama Raden Sindula, ananging dewi Sinta sarêng mirsa bilih sang nata punika putranipun langkung merang, lajêng gadhah panuwun maruwi widadari wau, Sang nata dhawuh dhatêng patih Suwelacala, kinen bidhal sawadyabala mukul prang dhatêng Suralaya. Lajêng bibaran.

2. Madhêg ing kadhaton risang prameswari dewi Sinta, tuwin para garwa putri saking moncanagari, kathahipun ngantos kawan dasa, sadaya sami miyos ing Prabasuyasa, ngentosi konduripun sri nata, ngiras amriksani ajaring beksa bedhaya tuwin sarimpi, botên antawis dangu Sri nata kondur, ginêm ing bab Poncaniti, lajêng tindak dhatêng pambojanan.

3. Madhêg ing paseban jawi, patih suwelacala, para punggawa : Raden Dhukut, Gumbrêg, Kuningan, kurantil, Tolu, Rêmbag sami siyaga dedamêl ing prang, lajêng ngundhangi para wadya dênawa. Sasampuning samapta lajêng bidhal dhatêng Suralaya sawadyabalanipun.

4. Madêg ing kaendran sang hyang endra pinuju miyos ingkang mungging ngarsa para putra : sang hyang citragada, citrasena, citrarata, bambang arjuna winanga, rembag bilih badhe kadhatêngan parang muka saking nagari gilingwesi, para putra sami kadhawuhan mirantos dadameling yuda, lajêng kadhawuhan anjagi dhateng rêpat kapanasan, kanthi prajurit darandara. Sasmpuning siyaga lajêng bidhal, dumugining rêpat kapanasan, wadya ing gilingwesi sampun apacak baris, mila lajeng têmpuh prang, prajurit dorandara kasêsêr, sami ngungsi malêbêt ing karang kaendran, lajêng tutup sakêthêng, sang hyang endra langkung sungkawa. Kasaru rawuhipun sang hyang Girinata kaliyan Sang Hyang Narada, dhawuh dhatêng Sang Hyang Endra kinen ngupados sraya, sang hyang Narada lajêng mangkat.



5. Madhêg ing padhêpokan krêndhayana, ing ngandhaping waringin jamur pitu, dewi sriyati kaliyan ingkang putra bambang srigati, katilar ingkang raka Prabu setmata dhatêng wukir condragêni, ingkang putra Bambang srigati ngajak ingkang ibu nusul ingkang rama dhatêng wukir condragêni, lajêng pangkat kaliyan ingkang ibu, kadherekakên parêpat tetiga : Kyai Semar, Nala gareng, Petruk, lampahipun medal ing wana, kapapag para wadya ing Gilingwêsi, ingkang sami babantu dhatêng rêpat kapanasan nama kalacuwiri, sulayaning rêmbag dados prang, kalacuwiri pêjah sinuduk, kala gragal pamajêng prang, kala Gragal papêjah jinêmparing. Para ditya alit-alit bibar ngungsi gêsang. Bambang srigati lajêng lampahipun kaliyan ingkang ibu, parêpat tetiga tan kantun.

6. Madhêg ing wukir condragêni, prabu setmata, ingkang su wau nata ing mêndhang kamulan kasiku dening sang hyang Girinata, amargi mêndhêt garwa dewi Sri yati, ing mongka dewi Sri yati punika sêsêngkeranipun sang hyang Giri nata, mila lajêng kalungsur karatonipun têmah marta pawontening wukir condragêni punika, lajêng kasêbut nama rêsi satmata, misuwur moncanagari guna kasaktenipun, rêsi setmata nuju lênggah kaliyan ingkang rayi ipe nama sang hyang sri yana, dereng dangu kadhatêngan tiyang estri kekalih, satunggal nama pun mayi, tiyang ing dhusun karja, nyuwun pitakon : barangipun awarni supe kencana ical, winarah ing Sang rêsi, lamun sesupenipun badhê pinanggih. Satunggalipun namapun milak, nyuwunakên jampi anakipun nandhang sakit barah, kaparingan usada kunir, tiyang estri kekalih wau lajêng sami lumengser saking ngarsa mantuk dhatêng griyanipun, lajeng kasaru dhatêngipun ingkang garwa dewi sriyati kaliyan ingkang putra Bambang Srigati, sang resi sakalangkung suka. Dereng dangu kasaru rawuhipun sang hyang narada, andhawuhakên timbalanipun sang hyang girinata, lamun sang resi kapinta sraya dening sang hyang endra, anyirnakns mengsah saking gilingwesi nama Prabu Watugunung. Sasampunipun andhawuhaken sang hyang narada kondurma kahyangan, resi setmata pamit ingkang garwa, lajeng samadi matek aji pameling. Boten dangu kapal mawi êlar (kapal sêmbrani) dhatêng, katitihan ing resi setmata kaliyan sang hyang sriyana, napa kaing gagana dumugi ing karang kaendran, sapengkeripun resi setmata, bambang srigati pamit ingkang ibu nêdya nusul ingkang rama,lajeng pangkat.

7. madêg ing karang kaendran sang hyang endra, miyong ing ngadep para putra, sang hyang citragada, citrasena, citrarata, bambang arjuna winanga. Sang hyang endra langkung sungkawa, ginem ngarsa arsa dhatengipun ingkang uwa sang hyang narada, ingkang sagah ngupaya sraya. Dereng dangu sang hyang narada rawuh ambekta resi setmata sagah kapinta sraya. Sang hyang endra langkung suka, resi setmata dhinawuhananyirnakaken mengsah saking ing gilingwesi, sagah. Kasaru dhatengipun bambang srigati, sang hyang endra andangu : “sinteng lare dhateng punika.” Resi setmata matur :”bilih punika ingkang putra bambang srigati.” Sasampunipun para jawata sami siyaga dadameling yuda, lajeng bidhal saking karang kaendran kanthi prajurit dorandara umiring resi setmata. Sareng dumugi ing repat kapanasan para wadya dorandara tempuh prang kaliyan wadya ditya saking ing gilingwesi, para dorandara prangipun kaseser,resi setmata kaliyan bambang srigati magut ing yuda, para wadya ing gilingwesi kathah kapupu pejah, kuwandanira muksa, patih suwelacalalalayu : mantuk dhateng ing gilingwesi, nedya matur ing gustinipun.

8. Madeg ing Prabu watugunung, kaadep ingkang putra raden sindula, tuwin para punggawa, ginem angarsa arsa carakanira ingkang kautus ambedhahing suralaya. Dereng dangu dhatengira patih suwelacala, atur pariksa, bilih para rayi sami sirna ing rana dening pamukipun resi setmata. Sang prabu watugunung duka yayah sinipi, lajeng angundhangi para wadya : kebut bidhal dhateng suralaya, nedya ngantep prang. Raden Sindulaka liyan patih suwelacala kantun tengga praja.

9. Madeg ing pabarisan para dewa tuwin resi setmata, ingkang taksih makuwon ing repatkapanasan, ing ngriku sami mangalembana dhateng kadibyaning resi setmata, tuwin ingkang putra bambang srigati, anggenipung mangsah ing rana. Kasaru para jawata saking suralaya, dutaning sang hyang girinata : sang hyang brama, sang hyang bayu, sang hyang yamadipati, sami arsa ambantu ing yuda. Kasaru dhatengipun dorandarangaturi priksa, bilih mengsah saking gilingwesi dhateng, sadaya wau lajeng sami angirapaken para prajurit dorandara, ingkang dados senapati bambang srigati, tuwin resi setmata, sang hyang brama, sang hyang bayu, sareng dumugi ing rana, tempuh prang langkung rame. Bambang srigati tandhing lawan raden dhukut, raden dhukut pejah jinemparing. Prabu watugunung mangsah, kapapagaken kaliyan resi setmata, prang langkung rame, gantya kalindhih. Dangu dangu prabu watugunung kenging cinepeng, tinaman sagung dadamel tan pasah, lajeng katrap rodhaning pedhati, piniles ing pedhati sirna, kuwandonira musna dados dewa, sakantunipun dadya ing gilingwesi sami teluk saweneh wonten ingkang lumajeng.

10. Madeg ing Sang hyang endra, dhatengipun para ingkang sami unggul ing yuda, sang hyang endra langkung suka, sang hyang narada ugi langkung suka lawan ngungun dhateng kadibyanipun resi satmata, lajeng kairid sowan dhateng ing ngarsanipun sang hyang girinata.

11. Madeg ing kahyangan jonggring salaka,sang hyang girinata miyos ing ngadhep para jawata, dhatengipun sang hyang brama, sang hyang bayu, sang hyang yamadipati, matur solahira dinuta. Dereng dangu dhatengipun sang hyang ambekta resi setmata, katur sang hyang girinata, denira mungkasi kardi. Sang hyang girinata lajeng adhedhawuh, resi setmata katetepaken madeg nata malih wonten ing medhangkamulan, sang prabu setmata matur sandika, lajeng bidhal para jawata sami umiring, sapraptaning praja medhang kamulan lajeng sami lenggah satata. Kasaru dhatengipun punggawa, atur uninga, wonten danawa kathah damel reresah wonten alun-alun inggih punika para danawa, wadyanipun prabu watugunung sisaning pati. Resi setmata medal kaliyan para jawata, prang sampak danawa sami pejah sadaya. Lajeng sami lenggah mangun bojana andrawina, sang hyang bayu tuwin ingkang raka sang hyang brama pamit kondur. 
–tancep kayon-


Sumber :
Serat padhalangan ringgit purwa. Awit saking pitulungan dalem sampeyan dalem kanjeng gusti pangeran adipati arya mangkunegara VII ing Surakarta. Jilid I.










Tidak ada komentar:

Posting Komentar