Sawijining dina, rikalane Pak tani menyang
sawah niliki tandurane, banget kaget atine merga tandurane akeh kang rusak. Wit
pohong padha ambruk, kacang prol sing durung tuwa mosak-masik, apa maneh
tanduran tikang nedheng awoh ndadi, ora karuwan. Pak tani ngubengi kabeh
tandurane karo ngudarasa, “Gek sapa sing salah gawe ngrusak tanduranku iki. Yen
menungsa katone dudu, nangin yen kewan kewan apa?” Sinambi ngaso ana gubug, Pak
tani ngenam-nam pikir, kepriye carane nyekel pawongan utawa kewan kang wus
ngrusak tetandurane.
Ana ngomahe, Pak Tani gawe pepethan wong-wongan kaya dene memedi sawah kang
dienggo ngusah manuk. Nanging rada beda karo memedi sawah kang mung saka damen
ditaleni lan diwenehi kudhung caping, wong-wongan mau digawe memper banget karo
kawujudane manungsa. Ing sarandune pawawong-wongan kang madeg malang kerik iku
diwenehi pulut dicampur aspal kang banget krakete yen didemok. Sore iku uga
wong-wongan mau dipasang ana sawah sacedhae tanduran timun. “Muga-muga
wong-wongan iki mengko ana pigunane”, mengkono batine Pak Tani.
Bengi iku kancil kang wetenge krasa luwe kepingin mbaleni golek timun ana
sawahe Pak Tani kaya wengi sadurunge. Tekan sawah kang ana tandurane timun,
kancil nuli mangan sawarege wetenge. Bareng kancil ndengengek, atine kancil
kaget setengah mati. “Wah konangan aku”, mengkono batine kancil. Ewo
semono, kancil ora wedi keplayu. Kancil mbatin, “yen pancen iki Pak tani,
mesthine aku wis dicekel, ora mung meneng wae. Iki mesthi mung pepethan, kanggo
medeni manuk“
“Eee……
apa dikira aku wedi karo kowe?” Kancil ngucap karo mlaku ngubengi pepethan
iku.
“Yen pancen arep nyekel aku, enggal cekelen. Aku ora arep mlayu. Ayo…..
enggal aku cekelen” Kancil kang mlakune rada mepet pepethan, kupinge
nyenggol tangane pepethan, wulune nempel ing pulut.
“We lha, …….. wani njewer
kupingku. Diuculake apa ora?” , muni mengkono karo ngipat-ngipatake
endhase supaya kupinge ucul saka pepethan mau.
“Eee…….., ngeyel. Dak jotos
lho” , ngucap ngono karo sikile ngarep tengen diantemake menyang pepethan,
pas ngenani pundhake pepethan. Mesthi
wae sikile kancil kraket ana pundhake pepethan mau.
“Lho….. malah sikilku dicekel. Yen ora diuculake
dak antem maneh lho”
ngomong ngono karo singarep tengen diantemake ngenani pundhak pepethan. Mula
loro-lorone sikile kancil sing ngarep kraket ing pundhak pepethan.
“Apa njaluk dak dhupak nanggo sikil loro pisan?” Gabrus, sikil buri loro bareng diantemake
ngenani tangane pepethan kang malangkerik. Dadine kancil gumandhul ing
pepethan, kraket ora bisa uwal. Ngrumangsani klerune, kancil mbrebes mili luhe,
nangis sesenggukan, sewengi gumandhul ora bisa turu.
Esuke pak tani kang niliki sawahe nemoni, ana kancil kang gumandhul ing
pepethan. “Ooooo, jebul iki malinge. Mula tanduranku rusak ora karuwan.
Kebenaran ana ngomah wis kentekan daging kanggo lawuh.” Ucape pak Tani iku
dirungokake dening kancil. Mula atine kancil dadi miris banget. Entek
pengarep-arepe kanggo urip. Sikile kancil diuwali saka pepethan, banjur
ditaleni supaya ora bisa mlayu, banjur digawa mulih menyang omah. Tekan ngomah,
kancil mau dilebokake kurungan banjur ditindhihi kayu gedhe.Sabanjure pak tani
ngasah lading gedhe kang kulina kanggo mbeleh kewan nganti landhep,
mingis-mingis. Rampung anggone ngasah lading, pak tani lume ngomah kanggo ngaso
sawetara.
Kancil kang ana jero kurungan, mung dheleg-dheleg karo matane mbrebes mili,
luhe dleweran rebutan metu. Nalikane kancil lagi nggrantes mikir nasibe kang
apes, katon kledhang-kledhang tekane Kapri, asu ingon-ingon kelangenane Pak
Tani. Tuwuh pengarep-arep ing atine kancil. Pikirane kancil muser golek
akal supaya bisa uwal saka kurungan iku.
“Lho….. koq kowe Cil?. Ngapa aawakmu ana jero
kurungan, katon banget yen atimu sedhih. Apa awakmu luwe ora entuk pangan?”, mengkono pitakone si Kapri.
“Ngene lho, Pri. Aku sedhih ora mergo luwe. Nanging jalaran aku arep
dirabekake karo putrine Pak tani sing dhenok kae lho. Kamangka aku ki rak ora
seneng karo dheweke, lha wong si Dhenok yen mlaku wae dhuwur banget.”
Semaure kancil karo katon memelas.
“Ah… tenane Cil??? Aku kok ora percaya karo
omonganmu. Yen pancen Pak tani arep golek mantu, mesthi wae luwih becik milih
aku sing wis suwe ngabekti marang Pak Tani. Ora bakal milih kowe, Cil” si Kapri nyahut maido omongane kancil.
Bungah atine kancil merga rekadayane bakale kasil. “Kasunyatane kaya
mengkene, Pri. Pak Tani luwih milih aku minangka mantune, kamangka aku ora
seneng. Atiku dadine bingung tenan Pri”
“Ora, Cil. Yen pancen awakmu ora seneng, kepriye
yen dak genteni. Aku gelem dipek matu karo Pak Tani. Dhasare aku rak wis ngerti
karo aten-atene si Dhenok. Piye, Cil. Oleh, ya dak genteni?”
“Yen pancen awakmu gelem, aku ora kabotan Pri.
Kayu kang nindhihi kurungan iki singkirna, mengko genti awakmu sing mlebu ana
jero kurungan. Sebab kanggo syarat sadurunge rabi karo menungsa, bangsa kewan
kudu dikurung dhisik”
celathune kancil mantep.
Agahan si Kapri, asu kelangenane Pak tani kuwi nyurung kayu kang nindhihi
kurungan, nuli mbukak kurungan. Kancil metu saka kurungan, sabanjure
Kapri kang lumebu ing kurungan. “Wis ya Pri, mengko mundhak didukani Pak
tani, aku arep lunga adoh. Kepenakna anggonmu ngenteni arep dadi mantune Pak
tani”, celathune kancil karo gegancangan lumayu ngedohi omahe Pak Tani.
Tangi turu, Pak tani agahan metu arep mbleh kancil. Saekagete bareng
sumurup yen sing ana sajeroning kurungan ganti Kapri, asu kelangenane. “Dhasar
asu goblog. Ora sida entuk lawuh daging kancil” ngono pambengoke Pak Tani,
mbukak kurungan karo nggebuk asu kang tehenger-thenger ana sajerone kurungan.
Bug-bug………. kaing-kaing………….. Kapri si asu iku
lumayu kelaran. Lagi krasa yen dheweke wis diapusi kancil
?tmt\,
Tidak ada komentar:
Posting Komentar