1.
jêjêr Prabu Watugunung (Selacala), ing nagari Gilingwêsi, pinuju miyos ing
sitinggil binatarata alenggah dhampardenta, siniwi ing para wadya, ingkang
mungging ngarsa patih Suwelacala, Santana ngiras punggawaning praja, raden
dhunut kurantil tolu, gumbreg kuningan, rêmbag. Sri nata badhe mangun prang
ambêdhah Suralaya, amargi nyuwun jodho widadari pepitu, Sang hyang endra botên
amarêngaken, mila Sang natanyuwun jodho widadari pepitu wau, saking panuwunipun
ingkang garwa dewi Sinta, adrêng nyuwun kamaru kaliyan widadari pepitu, inggih
punika dewi Supraba, dewi gagar mayang, dewi tunjung biru, irim-irim wursiki,
Prabasini, Surendra. Wontenipun ingkang garwa gadhah panuwun makaten wau, awit
sajatosipun, Dewi Sinta punika ibunipun Prabu watugunung, amargi Prabu
watugunung nalika tasih alit nama Raden dite, saking drêmba panedhanipun
ngantos kathuthuking enthong dening ingkang ibu Dewi Sinta. Raden dite (prabu
watugunung) lajêng kesah sapurug-purug, dene dewi Sinta sasedanipun ingkang
raka kalunta-lunta dumugi samadyaning wana, ngantos kapupuhing punggawa, katur
sang Prabu watugunung, ajêng kagarwa ngantos patut tan satunggal jalu nama
Raden Sindula, ananging dewi Sinta sarêng mirsa bilih sang nata punika
putranipun langkung merang, lajêng gadhah panuwun maruwi widadari wau, Sang
nata dhawuh dhatêng patih Suwelacala, kinen bidhal sawadyabala mukul prang
dhatêng Suralaya. Lajêng bibaran.
2.
Madhêg ing kadhaton risang prameswari dewi Sinta, tuwin para garwa putri saking
moncanagari, kathahipun ngantos kawan dasa, sadaya sami miyos ing Prabasuyasa,
ngentosi konduripun sri nata, ngiras amriksani ajaring beksa bedhaya tuwin
sarimpi, botên antawis dangu Sri nata kondur, ginêm ing bab Poncaniti, lajêng
tindak dhatêng pambojanan.
3.
Madhêg ing paseban jawi, patih suwelacala, para punggawa : Raden Dhukut,
Gumbrêg, Kuningan, kurantil, Tolu, Rêmbag sami siyaga dedamêl ing prang, lajêng
ngundhangi para wadya dênawa. Sasampuning samapta lajêng bidhal dhatêng
Suralaya sawadyabalanipun.
4.
Madêg ing kaendran sang hyang endra pinuju miyos ingkang mungging ngarsa para
putra : sang hyang citragada, citrasena, citrarata, bambang arjuna winanga,
rembag bilih badhe kadhatêngan parang muka saking nagari gilingwesi, para putra
sami kadhawuhan mirantos dadameling yuda, lajêng kadhawuhan anjagi dhateng
rêpat kapanasan, kanthi prajurit darandara. Sasmpuning siyaga lajêng bidhal,
dumugining rêpat kapanasan, wadya ing gilingwesi sampun apacak baris, mila
lajeng têmpuh prang, prajurit dorandara kasêsêr, sami ngungsi malêbêt ing
karang kaendran, lajêng tutup sakêthêng, sang hyang endra langkung sungkawa.
Kasaru rawuhipun sang hyang Girinata kaliyan Sang Hyang Narada, dhawuh dhatêng
Sang Hyang Endra kinen ngupados sraya, sang hyang Narada lajêng mangkat.
5.
Madhêg ing padhêpokan krêndhayana, ing ngandhaping waringin jamur pitu, dewi
sriyati kaliyan ingkang putra bambang srigati, katilar ingkang raka Prabu
setmata dhatêng wukir condragêni, ingkang putra Bambang srigati ngajak ingkang
ibu nusul ingkang rama dhatêng wukir condragêni, lajêng pangkat kaliyan ingkang
ibu, kadherekakên parêpat tetiga : Kyai Semar, Nala gareng, Petruk, lampahipun
medal ing wana, kapapag para wadya ing Gilingwêsi, ingkang sami babantu dhatêng
rêpat kapanasan nama kalacuwiri, sulayaning rêmbag dados prang, kalacuwiri
pêjah sinuduk, kala gragal pamajêng prang, kala Gragal papêjah jinêmparing.
Para ditya alit-alit bibar ngungsi gêsang. Bambang srigati lajêng lampahipun
kaliyan ingkang ibu, parêpat tetiga tan kantun.
6.
Madhêg ing wukir condragêni, prabu setmata, ingkang su wau nata ing mêndhang
kamulan kasiku dening sang hyang Girinata, amargi mêndhêt garwa dewi Sri yati,
ing mongka dewi Sri yati punika sêsêngkeranipun sang hyang Giri nata, mila
lajêng kalungsur karatonipun têmah marta pawontening wukir condragêni punika,
lajêng kasêbut nama rêsi satmata, misuwur moncanagari guna kasaktenipun, rêsi
setmata nuju lênggah kaliyan ingkang rayi ipe nama sang hyang sri yana, dereng
dangu kadhatêngan tiyang estri kekalih, satunggal nama pun mayi, tiyang ing
dhusun karja, nyuwun pitakon : barangipun awarni supe kencana ical, winarah ing
Sang rêsi, lamun sesupenipun badhê pinanggih. Satunggalipun namapun milak,
nyuwunakên jampi anakipun nandhang sakit barah, kaparingan usada kunir, tiyang
estri kekalih wau lajêng sami lumengser saking ngarsa mantuk dhatêng
griyanipun, lajeng kasaru dhatêngipun
ingkang garwa dewi sriyati kaliyan ingkang putra Bambang Srigati, sang resi
sakalangkung suka. Dereng dangu kasaru rawuhipun sang hyang narada, andhawuhakên
timbalanipun sang hyang girinata, lamun sang resi kapinta sraya dening sang
hyang endra, anyirnakns mengsah saking gilingwesi nama Prabu Watugunung.
Sasampunipun andhawuhaken sang hyang narada kondurma kahyangan, resi setmata
pamit ingkang garwa, lajeng samadi matek aji pameling. Boten dangu kapal mawi êlar (kapal sêmbrani) dhatêng,
katitihan ing resi setmata kaliyan sang hyang sriyana, napa kaing gagana dumugi
ing karang kaendran, sapengkeripun resi setmata, bambang srigati pamit ingkang
ibu nêdya
nusul ingkang rama,lajeng pangkat.
7. madêg ing karang
kaendran sang hyang endra, miyong ing ngadep para putra, sang hyang citragada,
citrasena, citrarata, bambang arjuna winanga. Sang hyang endra langkung
sungkawa, ginem ngarsa arsa dhatengipun ingkang uwa sang hyang narada, ingkang
sagah ngupaya sraya. Dereng dangu sang hyang narada rawuh ambekta resi setmata
sagah kapinta sraya. Sang hyang endra langkung suka, resi setmata dhinawuhananyirnakaken
mengsah saking ing gilingwesi, sagah. Kasaru dhatengipun bambang srigati, sang
hyang endra andangu : “sinteng lare dhateng punika.” Resi setmata matur :”bilih
punika ingkang putra bambang srigati.” Sasampunipun para jawata sami siyaga
dadameling yuda, lajeng bidhal saking karang kaendran kanthi prajurit dorandara
umiring resi setmata. Sareng dumugi ing repat kapanasan para wadya dorandara
tempuh prang kaliyan wadya ditya saking ing gilingwesi, para dorandara
prangipun kaseser,resi setmata kaliyan bambang srigati magut ing yuda, para
wadya ing gilingwesi kathah kapupu pejah, kuwandanira muksa, patih suwelacalalalayu
: mantuk dhateng ing gilingwesi, nedya matur ing gustinipun.
8. Madeg ing Prabu watugunung, kaadep
ingkang putra raden sindula, tuwin para punggawa, ginem angarsa arsa carakanira
ingkang kautus ambedhahing suralaya. Dereng dangu dhatengira patih suwelacala,
atur pariksa, bilih para rayi sami sirna ing rana dening pamukipun resi
setmata. Sang prabu watugunung duka yayah sinipi, lajeng angundhangi para wadya
: kebut bidhal dhateng suralaya, nedya ngantep prang. Raden Sindulaka liyan
patih suwelacala kantun tengga praja.
9. Madeg ing pabarisan para dewa
tuwin resi setmata, ingkang taksih makuwon ing repatkapanasan, ing ngriku sami
mangalembana dhateng kadibyaning resi setmata, tuwin ingkang putra bambang
srigati, anggenipung mangsah ing rana. Kasaru para jawata saking suralaya,
dutaning sang hyang girinata : sang hyang brama, sang hyang bayu, sang hyang
yamadipati, sami arsa ambantu ing yuda. Kasaru dhatengipun dorandarangaturi
priksa, bilih mengsah saking gilingwesi dhateng, sadaya wau lajeng sami angirapaken
para prajurit dorandara, ingkang dados senapati bambang srigati, tuwin resi
setmata, sang hyang brama, sang hyang bayu, sareng dumugi ing rana, tempuh
prang langkung rame. Bambang srigati tandhing lawan raden dhukut, raden dhukut
pejah jinemparing. Prabu watugunung mangsah, kapapagaken kaliyan resi setmata,
prang langkung rame, gantya kalindhih. Dangu dangu prabu watugunung kenging
cinepeng, tinaman sagung dadamel tan pasah, lajeng katrap rodhaning pedhati,
piniles ing pedhati sirna, kuwandonira musna dados dewa, sakantunipun dadya ing
gilingwesi sami teluk saweneh wonten ingkang lumajeng.
10. Madeg ing Sang hyang endra,
dhatengipun para ingkang sami unggul ing yuda, sang hyang endra langkung suka,
sang hyang narada ugi langkung suka lawan ngungun dhateng kadibyanipun resi
satmata, lajeng kairid sowan dhateng ing ngarsanipun sang hyang girinata.
11. Madeg ing kahyangan
jonggring salaka,sang hyang girinata miyos ing ngadhep para jawata, dhatengipun
sang hyang brama, sang hyang bayu, sang hyang yamadipati, matur solahira
dinuta. Dereng dangu dhatengipun sang hyang ambekta resi setmata, katur sang
hyang girinata, denira mungkasi kardi. Sang hyang girinata lajeng adhedhawuh,
resi setmata katetepaken madeg nata malih wonten ing medhangkamulan, sang prabu
setmata matur sandika, lajeng bidhal para jawata sami umiring, sapraptaning
praja medhang kamulan lajeng sami lenggah satata. Kasaru dhatengipun punggawa, atur
uninga, wonten danawa kathah damel reresah wonten alun-alun inggih punika para
danawa, wadyanipun prabu watugunung sisaning pati. Resi setmata medal kaliyan
para jawata, prang sampak danawa sami pejah sadaya. Lajeng sami lenggah mangun
bojana andrawina, sang hyang bayu tuwin ingkang raka sang hyang brama pamit
kondur.
–tancep kayon-
Sumber :
Serat padhalangan ringgit
purwa. Awit saking pitulungan dalem sampeyan dalem kanjeng gusti pangeran
adipati arya mangkunegara VII ing Surakarta. Jilid I.