Kamis, 09 Februari 2012

Cakrangga lan Durbuddhi





            Sawijining dina, ana bulus sing urip ing telaga sing jenenge telaga Kumudawati, telaga kuwi apik banget, akeh kembang tunjung maneka warna. Ana banyak sajodho ning telaga kuwi mau, sing babon jenenge cakranggi lan sing lanang jenenge cakrangga. Bulus lan banyak kuwi mau padha urip ing sajroning telaga kumudawati, lan wis raket banget anggone kekancan. Buluse sing lanang jenenge Durbuddhi, lan sing babon jenenge si Kacapa.
            Arep mangsa ketiga, ing telaga kumudawati banyune sangsaya asat amarga panase hawa ing telaga kono. Cakrangga lan Cakranggi mau pamitan karo Durbuddhi lan Kacapa. Kandhane marang Durbuddhi lan Kacapa kaya ngene : kancaku, aku arep lunga saka kene, amarga banyu ing telaga iki sangsaya asat, aku ora bisa adoh saka banyu, aku ora kuwat, aku arep manggon ing telaga ing gunung himawan kono. Ning kono banyune ora bakal asat ing mangsa ketiga, tur bening banget, ing kono aku bakal lunga. Mengkono anggone banyak kandha, buluse mangsuli kaya ngene : aduh kancaku, gedhe banget katresnanmu, pokoke ning endi bae kowe lunga, aku bakal arep melu lunga, yen kowe susah, aku melu susah, yen kowe seneng aku ya melu seneng. Kuwi kasile rakete kekancane awake dhewe nganti saiki.
            Saure si banyak : Kakang bulus kae ana kayu, kowe manggon ing tengah kono, mengko aku lan bojoku nyucuk pucuking kayu iki lan nggawa mabur kowe.yen lagi mabur,  yen ana sing omongan, utawa aruh – aruh aja diwangsuli ya, mengko ndak kowe cilaka, lan ora bisa tekan telaga manasasara malah nemoni pati. Mengkono wangsulane banyak kuwi mau, banyak sajodho kuwi mau nyucuk pucukane kayu, lan si bulus nyucuk ing tengah-tengahing kayu.
            Ana asu sajodho kang lagi manggon ing sangisore wit pelem. Sing babon ndangak ngulati ana banyak cacahe loro nggawa bulus, ujare asu mau marang bojone : pak, delengen kae, ana bulus diaburake karo banyak sajodho. Kandhane asu lanang kuwi mau : ngawur kowe bu, kuwi dudu bulus, naging kuwi telek kebo sing garing kae, sing gawene digawa ote-ote, paling – paling kuwi oleh-oleh kanggo anake. Mengkono anggone asu nyauri kandhane bojone, krungu apa sing diomongake asu kuwi, bulus sing lagi ana ing ndhuwur mau nesu lan muntab, amarga diarani tai sing digawa ote-ote. Tutuke bulus kuwi banjur ndredheg amarga banget anggone nesu lan ora trima marang kandhane asu kuwi, banjur bulus ucul saka kayu lan tiba ing lemah, banjur mati dipangan asu mau. Banyak kuwi namung kisinan lan sedih, amarga rumangsa ora tanggung jawab ninggal si bulus mau, amargane bulus mau ya nerak apa sing wis dijanjeni sadurunge mangkat. Banjur banyak sajodho mau mangkat menyang telaga kanthi ati sedih.